Kamis, 07 Oktober 2010

Pendidikan iku dadi kasta?

Pendidikan punika tuhu penting.Penulis nate sumerep film Amerika,irah-irahanipun A beautiful minds lan The silence of the lamb.Para tokoh ing film punika kagungan gerah jiwa utawi psikopat,nanging taksih saged migunani tumraping liyan,kadosta Jhon Nash,profesor matematika ingkang gerah sicrofenia utawi sakit jiwa.Nboten namung semanten,nanging ugi taksih kagungan cinta sejati saking Alish,garwanipun.Nboten ateges penulis nbedak-bedaaken kasta,nanging cobi menawi jhon Nash punika namung bakul cendol lulusan sd wae nboten tamat,punapa saged dados tiyang ingkang taksih dipun ajeni kados Jhohn Nash?

Senin, 06 September 2010

Sepet Madu Bumi Jawi

Ing jaman sakbibaripun,kasulistiyanipun bumi jawi ugi kasil mikut bangsa manca,ngejeki bumi pertiwi.Nanging ingkang ndadosi penulis sumedot,nalika sumerep pesabinan ingkang bawera,dipun bangun real estate.Pesabinan malik sanalika dados omah lan bangunan.Pesabinan ing daerah Delanggu lan Bantul sanget nengsemaken,penulis sumedot menawi lahan menika susut setunggal nbaka setunggal.Terus dumateng pundi kuncaranipun bumi jawi ingkang kados dipun laras dening ki dalang menawi jejer lakon punika?

Selasa, 31 Agustus 2010

Sepet madu bumi Jawi

Wiwit jaman mangsa kapengker,bumi Jawi punika pindha wara kenya ingkang tuhu nengsemaken,pindha merak kasimpir,luwes kewes pindha prawan sunthi ingkang dereng kelepetan dosa.Tatkala taksih jaman klasik utawi era kraton mataram hindu,kathah bangsa manca ingkang kapilut kayungyun dumateng bumi jawi,kadosta saking kraton colamandala,kala semanten dipun pandegani dening prabu jayasingawarman ingkang kabiyantu raja saking wora-wari sakmenika tlatah pesisir lor kasil damel bosah baseh praja mataram hindu saengga tiwaeipun sinuwun prabu Darmawangsa,ingkang misuwur kasebut peristiwa "pralaya"